Tampilkan postingan dengan label angkot. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label angkot. Tampilkan semua postingan

Minggu, 26 Mei 2013

Critane Wong Ndesa

Custom Search


Kiye minangka nggo selingan bae . Asline inyongeya wes mumet. La wong  ndesane dewe bae nganti ora

bisa mlebu internet. Kepriwe kui arane. Sing bahasa-bahasa sing inyong ora ngerti bae bisa online.

la kiyen skalian belih men bisa go internasional jare. Ana crita wong ndesa ,

sing ndina - dina ora meruhi

perkembangan luar. maning-maning keder.. angger setiap weruh pom bensin ana tulisane " NO

SMOKING".  Mulane pas ana wong sing takon.. " Kang sing dodolan bensin sebelah ngenti ? "

sing di takoni bingung. kalah- kalahe  wonge takon maning ."

sing dodolan "NO SMOKING " ngerti ora ? ??..

dasar wong ndesa langsung bae ngomong : " la angger kui inyonge ngerti,

ng dalan kana  lurus terus .. ngko bar prapatan sebelah kiwa ,

kae ana tulisan " NO SMOKING". La ning kono kui Kang.. ..

Ana maning crita , angger ng ndesane inyong gemiyen ning endi-endi

pan mlaku mesti numpak angkot. Tapi angkot kui ska mobil mereke "DAIHATSU". 

Angger lunga ning ndi ba mesti nganggo angkot kui. Tapi sebutane nggo angkot kui ning ndi bae ya

"DAIHATSU".. nganti saiki wes ana angkot sing jenis mobile sejen ya tetep bae diarani "DAIHATSU"

meskipun mereke "SUZUKI " atawa MITSUBISHI " . Anggere ng ndi bae ngomonge

" kae numpak DAIHATSU bae men cepet!!!... padahal singg ditumpaki mobil merek

 SUZUKI atawa MITSUBISHI. Dasare wonge dewek ya maklum bae ya......